Belajar sabar dan ikhlas

wong saminSimon : kang, sampeyan ngasih duit ke si Parjo ?
Samin : Iya
Simon : sampeyan diapusi, dia itu kaya
Samin : ngapusi aķΰ iku dudu urusanku. Kui urusane dekne karo Gustine.

Simon : Lho sendalmu endi, kang ? Kok cekeran ?
Samin : ilang
Simon : ora mbok golek’i sopo sing nyolong ?
Samin : ora, aķΰ biyen lahir yo ora sandalan..

Simon : kang, sampeyan dirasani karo si Jontor
Samin : ben wae
Simon : sampeyan ora nesu
Samin : Lha saiki kowe yo ngrasani si Jontor, si Jontor yo ra nesu..

Simon : kang, pitikmu dipangan asune si Parman
Samin : wes ben
Simon : kok sampeyan biasa wae ? Ora njaluk ganti ?
Samin : aķΰ malah kaget nek pitikku sing mangan asune si Parman..

Simon : kang, wes mangan ?
Samin : Durung
Simon : mreneo tak wenehi duit
Samin : wegah. ªķΰ ra doyan. Panganen dewe yen kowe doyan duit..

Simon : kang, tanduranmu rusak dipangan weduse pak Karjo
Samin : ben. Untung doyane tanduran. Yen weduse doyan papan , malah omahku sing dipangan..

Simon : kang, kowe ki ket mau mlaku ngalor ngidul ora jelas?
Samin : Lha yo kui. Nek jelas , mesthi aķΰ mlaku ngalor thok opo ngidul thok..

Simon : kang, klambi sing mbok jemur dicolong uwong
Samin : ben. Wong salahku dewe, aķΰ njemur klambi nang njobo..

Simon : kang, kok mlaku? Sapi sing biasa mbok tumpaki endi?
Samin : ilang…he2
Simon : kok malah ngguya ngguyu?
Samin : lha untunge dicolong pas ora tak tumpaki..

Simon : kang, bayarane Sentot luweh gede timbang kowe, lho
Samin : Ben
Simon : kan ora adil
Samin : adil ora kudu podo. Kowe tak pakani katul podo karo pitik yo emoh to..

Simon : kang, pelem-mu dicolong si Tarkim
Samin : ben
Simon : kok ben ?
Samin : lha kowe kok iyik to? Biasane dicolong codot wae aķΰ yo meneng wae..

Simon : kang, jare wingi omahmu kelebon maling?
Samin : Iyo
Simon : kok iyo? Brarti sampeyan ngerti ?
Samin : ngerti. Tp aķΰ ngumpet mergo isin ra duwe barang sing iso dimaling.. (Jojo; dari grup WA-78)-FR

One Response to Belajar sabar dan ikhlas

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Langganan Artikel Gratis
Dengan mendaftarkan alamat email dibawah ini, berarti anda akan selalu dapat kiriman artikel terbaru dari Alumnimaterdei

Enter your email address:

Delivered by FeedBurner

Anda pengunjung ke
UD. Setiadarma
Best PRICE, Best QUALITY & Best for YOU! Setiadarma

UD. Setiadarma-Surabaya Sidharta Krisnamurti HP. 08165419447

Percetakan Offset Sidoyoso
Jl. Kedung Cowek 205 Surabaya (0351) 3770001-3718318 Fax. 3763186
Bosch
Bosch Jl. kedungsari 117-119 Surabaya Telp. (62-31) 5312215-5353183-4 Fax. (62-31) 5312636 email: roda_mas888@yahoo.com
Download Buletin Media Alumni Edisi 2
Buletin-MA-utk.-Widget Buletin Media Alumni bag. 1, kilk disini Buletin Media Alumni bag. 2, klik disini buletin Media Alumni bag. 3, klik disini
Alamo
alamo
Download Buletin
buletin-IAMDP 8 Download Buletin klik pada Gambar
Sahabat kita