Sego Kucing
Jenenge menungso nek wes ngelih (luwe) mesti bingung lan ora iso mikir..koyo awan iki,Sardot sing lagi kengelihen ketemu Sodron lagi nggowo dus cilik sing ono tulisane “selamat menikmati”…
Sardot : “wah.. Pucuk dicinta monyet tiba..rene..rene.. Cah bagus,.opo kuwi?”
Sodron : “ojo Dot iki..iki….”
Sardot : “Rasah ngapusi …..gowo rene,.aku ngelih tenan”
Sodron : “ojo Dot..ojo…!!”
Ora kesuwen Sardot langsung nyaut dus kuwi.. dibukak..lan dipangan isine.. Saknaliko Sardot mutah-mutah,.
Sardot : “Pfuuhh..pfuuhh,. hoeeexx..cuuh… diamput !!opo iki dron !!”
Sodron : “Anu dot… kuwi.. kuwi…”
Sardot : “Endog wedhus yo??”
Sodron : “Uduk dot.. Kuwi sego kucing kok..”
Sardot : “Sego kucing kok rasane bacin??”
Sodrun : “Iyo bener sego kucing kok,maksudku…sego dipangan kucing njuk lewat proses pencernaan wetenge kucing mau..lha dadine yo kuwi sing mbok pangan…” (Suhirto M)-Aguk
Leave a Reply