Elingo yen wis lara ora bisa opo2
Manungsa kuwi dititah padha, Nanging yen masalah bandha dijatah beda,
Mula manungsa iku wajibe mung upaya karo ndonga ; Entuk rejeki sepira atine sing nrima,
Ora usah meri karo kanca sak padha-padha..
Akeh wong stres. Merga uripe ora beres. Rina wengi mburu ndonya. Njur lali karo agama. Aja padha ngresula mundhak gelis tuwa, Wong yen nrima uripe dawa; Wong sulaya uripe rekasa. Wong sing sabar, rejekine bakal jembar. Wong yen ngalah, uripe bakal barokah. Sapa sing jujur, uripe bakal makmur. Sapa sing tlaten, tembe mburi bakal panen. Wong sing sombong, amale bakal kobong
Zamane wis zaman tuwa, Akeh manungsa wis angel ditata tuntunane agama, Senenge gawe dosa. Tumindak dosa saben dina padha ora krasa. Sithik2 ora ketara, Suwe2 dadi cetha, Kaya wong tumindak dosa dilakoni saben dina, Dosa Kadhang2 ora krasa, Merga kulina, Ati2-o lan waspada, Menawa sira ngobrol karo kanca. Ngrasani tangga ngojah alane liya, Kadhang ra rumangsa awake gawe dosa.
Ayo mumpung durung telat. Enggal2 padha tobat. Timbang ning akherat sira mbesok nampa adzab. Mung dosa sepele kang ora dirasakke, Nanging gedhe akibate marang awake dhewe. Mumpung isih urip, Ngibadaha kanti tertib. Ngelingana yen wes mati, Ora bakal isa bali.
Mumpung isih waras, Ibadaha kanti ikhlas. Mumpung isih longgar, Ibadaha kanti sabar. Ngelingana yen wis lara, Ora bisa apa-apa. Ngelingana yen wis repot, Ibadah rasane abot. Mugi wonten manfaatipun, Pepenget saking Pinisepuh. (Yong Sidharta-A61; dari grup WA-IAMDP)-FR
Leave a Reply