Makna Tua- Sejatining Sepuh
(plus.google.com, disajikan dengan bahasa seperti apa adanya berbahasa Jawa; Disunting dari karya KGPAA Mangkunegara IV); Dados sepuh punika prekawis ingkang sok boten gampil.
Tuwa ateges ngenteni metune nyawa. Malah wonten ingkang sampun pikun lan kathah kesupenipun.
Pramila, sanadyan sampun sepuh/adiyuswo, kedah ngudi supados boten ngantos kekirangan pangertosan. Tiyang sepuh ingkang kirang pangertosan, saged dhawah ing kawontenan ekstrim kalih, inggih punika :
Ingkang sepisan
Rumaos wis tuwa, ateges wis gerang (segere arang²), wis loyo, wis lara²nen, wis ora bisa apa², wis ora duwe apa² lan wis dudu apa² maneh. Tiyang sepuh ingkang mekaten rumaos sepi, sepa, lir sepah lan samun.
Sepi, tegesipun ngrumaosi tanpa kanca tanpa kanthi, utawi ngrumaosi namung gesang piyambakan. Sepa, tegesipun gesang mboten ngraosaken sakeca, dhahar ngunjuk boten kraos eca, lenggah, tindak, sare, inggih boten kraos sakeca. Sepah, tegesipun rumaos kados sampah tanpa wonten ginanipun ing bebrayan. Samun, tegesipun rumaos tanpa aji, kabucal saking bebrayan.
Kawontenan makaten punika lajeng nuwuhaken semplah ing manah, minggahipun frustrasi wusana lajeng depresi. Tiyang mekaten punika sagedipun namung sambat, boten saged ngaturaken syukur dhateng kanugrahaning Gusti.
Ingkang kaping kalih
Tiyang sepuh wonten ing pakempalan tumindakipun gonyak-ganyuk nglelingsemi / ngisin isini. Gonyak-ganyuk tegesipun pangandika lan tumindakipun boten trep kaliyan kasepuhanipun. Amargi rumaos “bisa” lajeng kekathahen pangandika, nuruti pamanggihipun pribadi, Boten purun dipun anggep klentu amargi mbujeng / mburu pangalembana.
Tiyang sepuh ngaten punika winastan hanggadahi gerah post power syndrome, amargi kecalan panguwaos.
Lha Sejatosipun, Kadospundi Dados Tiyang Sepuh Ingkang Saestu ?
Gambaran sejatining sepuh inggih punika :
Waspada ing semu, tegesipun mangertosi kersanipun tiyang sanes nadyan mboten kawedharaken.
Sinamun sinamudana, tegesipun sinaosa pinter nanging kasimpen ing salebeting manah. Kapinteran lan kaprigelanipun mboten dipun umukaken.
Dene menawi dipun suwuni wawasan, anggenipun paring dhawuh kanthi cara ingkang ngremenaken, ateges boten ngremehaken.
Lha, Lajeng Kadospundi Caranipun Dados Sejatining Sepuh ?
Kedah kawiwitan kanthi mulat sarira (mawas dhiri), mangertosi kekiranganipun dhiri.
Amargi taksih kaparingan gesang dening Gusti, ateges taksih kedah makarya. Wujuding pakaryan saged punapa kemawon, langkung prayogi bilih nindakaken hobby sae, kados upaminipun : olah tetanen, nganggit lagu, geguritan, paguyuban karawitan, masak, lsp.
Kangge nyengkuyung ngindhakaken pangertosan, sae menawi tansah sinau.
Sinau punika saged kanthi maos buku², ugi sambang_srawung kaliyan kanca.
Sinau punika maedahi kangge nyegah tiyang dados pikun, awit nalar tansah dipun asah. Semangat sinau ugi dados tuladha tumrap putra wayah. Sing tuwa wae ora kendhat sinau, sing enom kudune luwih tumemen anggone padha sinau.
Wusana, lepet kupat opore santen, menawi lepat nyuwun gunging pangapunten.
Sumbering waosan : Serat Wedhatama anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV. (Bahan dari : https://plus.google.com/105302171014701539560/posts/Hxki8DKvfN9)-FatchurR *
Leave a Reply