Selamet HUT Suroboyo
Guyon suroboyo teko konco. Dipas pas no ae, pokok ngerti kamsud e n sik iso mesem. Rodok telat memuate, lha wong mestine disajikno pas Ulang Taun. Selamet ultah cak Suro – Boyo (31 Mei ), sori yo. Tak dungakno sampeyan tetep Panjang Jiwo, Keputran kabeh kekarepane.
Mugo-mugo tetep oleh Margorejo lan Margomulyo, ora nemoni Tambangboyo utowo Embong Malang
Lakonono iline nasib koyo Banyu-urip, laku ikhlas Sukolilo tanpo pamrih. Ojok akeh-akeh mangan Bebekan, Pakis, Kupang campur Jetis, nang piring Ambengan.
Opo maneh ngombe banyu Kaliasin; elingo wis duwur lho tensi sampeyan. Lek melok Kupang Penjaringan caleg, gak perlu jagal-Jagalan, Kupang Segunting dalam lipatan, rebut Balungsari tanpo isi
Elingo: Simorukun agawe santoso, Krukah agawe bubrah
Selamet ulang tahun Cak Suro lan Cak Boyo. Umurmu wis tuwek, gak usah kemalan Medokan Ayu
Ojok kakehan selingkuh engkuk Petemon bojo. Iso-iso diGubeng endas sampeyan, iso-iso diTuwowo cangkem sampeyan. Awakmu ojo seneng Jemur Ngawinan, engko diseneni Mbah Ratu
Tapi nek dikandani, pancet ae, yo wis sak karepmu. Tak dongakno nabrak Tembok Dukuh, ketiban Genteng, kecantol Kawatan, kecemplung Sumur Welut, dientup Ketabang Kali, sampek awakmu Bangkingan terus Sidodadi mati sampeyan.
Mulo, tingkahmu ojo Plampitan, ojok Pecindilan, sirahmu ojok Gubeng Kelingsingan, engko nggarai diTandes sepur tumbuk. Sing penting, ojok sampek dadi perang Barata Jaya; iso Keputih kabeh matane. Nek gak ketok, ati-ati engko Nyamplungan nang Kali Jagir.
Mari ditulungi nggawe Kaliondo, ojok mek lungguh Ngaglik koyok Bagong Ginayan. Ayo ndang methik Krembangan, terus di-Semampirno nang Tegal Sari. Wis, yo. Selamet ulang tahun, Cak !! (31 mei)
(Suhirto M)-Aguk



Jl. kedungsari 117-119 Surabaya
Telp. (62-31) 5312215-5353183-4
Fax. (62-31) 5312636
Buletin Media Alumni bag. 1, 


Leave a Reply