Ikhlas Ala Samin
(Filosofi Saminisme)-Parjo : Kang, sampeyan ngenehi duit wong ngemis mau yo?
Samin : Iyo.
Parjo : Sampeyan diapusi, wong sing ngemis kae mau asline sugih, sapine akeh.
Samin : Ngapusi iku dudu urusanku. Kuwi urusane dekne karo Gusti Allah.
—
Parjo : Lho sendalmu endi kang? Kok cekeran?
Samin : Ilang.
Parjo : Ora mbok golek’i, sopo sing nyolong?
Samin : Ora, aku biyen lahir yo ora sandalan.
—
Parjo : Kang, sampeyan dirasani karo Joyo…
Samin : Ben wae.
Parjo : Sampeyan ora nesu?
Samin : Lha saiki kowe yo ngrasani Joyo. Joyone yo ra nesu.
—
Parjo : Kang, pitikmu dipangan asune Joyo.
Samin : Wis ben.
Parjo : Kok sampeyan biasa wae? Ora njaluk ganti?
Samin : Aku malah kaget nek pitikku sing mangan asune si Joyo.
—
Parjo : Kang, wes mangan?
Samin : Durung…
Parjo : Mreneo tak wenehi duit.
Samin : Wegah. Aku ra doyan. Panganen dewe yen kowe doyan duit.
—
Parjo : Kang, tanduranmu rusak dipangan weduse Joyo…
Samin : Ben wae. Untung doyane tanduran. Yen weduse doyan papan, malah omahku sing dipangan.
—
Parjo : Kang, kowe ki ket mau mlaku ngalor-ngidul… ora jelas?
Samin : Lha yo kuwi… Nek jelas, mesti aku mlaku ngalor thok opo ngidul thok.
—
Parjo : Kang, klambi sing tok pepe dicolong uwong…
Samin : Ben. Wong yo salahku dewe, aku mepe klambi tak pamer2ke ning njobo…
—
Parjo : Kang, kok mung mlaku? Lha jaran sing biasa kok tumpaki nang endi?
Samin : Ilang, alhamdulillah…
Parjo : Kok malah alhamdulillah karo ngguya-ngguyu ki piye to?
Samin : Lha untunge pas dicolong, aku ora pas numpak jaran, Nek pas tak tumpaki aku ra` yo katut ilang
—
Parjo : Kang, bayarane Joyo luweh gede timbang bayaranmu lho…
Samin : Ben.
Parjo : Kan ora adil…
Samin : Adil iku ora kudu podo. Kowe tak pakani katul podo karo pitik yo emoh to?
—
Parjo : Kang, pelem-mu dicolong Joyo…
Samin : Ben.
Parjo : Kok ben?
Samin : Lha kowe kok sirik to? Biasane yen dicolong codot aku yo meneng wae kok…
—
Parjo : Kang, jare wingi omahmu kelebon maling?
Samin : Iyo.
Parjo : Lho, kok iyo? Berarti sampeyan ngerti?
Samin : Ngerti. Tapi aku ngumpet mergo isin ra duwe barang sing apik sing iso dimaling…
Nek awakmu sanggup koyo Samin, uripmu bakal ayem tentrem. (Ade R; dari grup WA-VN)-FR.



Jl. kedungsari 117-119 Surabaya
Telp. (62-31) 5312215-5353183-4
Fax. (62-31) 5312636
Buletin Media Alumni bag. 1, 

