Burung Beo
Cak Suro entuk oleh2 manuk beo teko Bejo konco lawase sing kerjo ndik Freeport. Jare Bejo, beo iku pinter niru lagu2 anyar sing ndik radio. Carane ngongkon nyanyi cuma gawe isyarat tangan diangkat. Nek tangan tengen khusus nyanyi Indonesia Raya. Nek tangan kiwo khusus lagu2 anyar jaman saiki.
Cak Suro njajal ngangkat tangan tengene ndik ngarepe beo, langsung beo ne muni: “Indonesia Tanah Airku, tanah tumpah darahku Indonesia” lan sakteruse…
Njajal maneh, Cak Suro ngangkat tangan kiwo, beo ne muni maneh:
“Aku mau makan, ku ingat kamu.. Aku mau minum, ku ingat kamu ..”.
Si Beo ternyata wis apal lagune Maia ambek May Chan.
Cak Suro takon nyang Bejo,
“Jo, nek tangan loro karo tak angkat nyanyi lagu opo yo?”
“Cobaen ae, tapi tanggungen dhewe akibate”, jare Bejo ambek nyruput kopi. Mergo penasaran Cak Suro ngangkat tangan kiwo ambek tengen bareng2.
Beo-ne langsung muni : *“… Siji-siji cukk, koen pikir cangkemku onok loro taaaaahhhh”*
Cak Suro: cuuukkkkk. (Sugeng; dari grup WA-72)-FR



Jl. kedungsari 117-119 Surabaya
Telp. (62-31) 5312215-5353183-4
Fax. (62-31) 5312636
Buletin Media Alumni bag. 1, 

