Bisnis Kroto
Tonggo : “Wah mbak Dewi keren, mesti wong tuwane sugih tenan, isa nduwe modal bisnis batine akeh”
Dewi : “Ora kok mas, wong tuwaku ndesa, wong biasa ora sugih”
Tonggo: “Wah keren, mbak Dewi iki, terus penghasilan 5 juta sedina iki saka ngendi mbak”
Dewi : “Bisnis cilik cilikan mas”
Tonggo: “Mbuka online shop ya! apa dadi makelar lemah”
Dewi : “Ora mas, bisnisku kuwi mung dodolan #kroto”
Tonggo: “Ah tenane, piyejal carane mbak”
Dewi : “Weruh kroto kuwi apa, mas”
Tonggo: “Ya ngertilah, iku rak pakan manuk to”
Dewi : “Ya kuwi bisnisku, mas”
Tonggo: “Oooo bisnis pakan manuk to jebule”
ora suwe ngobrole karo nyruput kopi panas, ana sedan kinclong teka, sing nyetir oom oom rada tuwa, mbak Dewi diajak lunga. Tonggo: “Wah krotone payu ya mbak’‘
Dewi : “Iya mas, pangestune mas, laris”
Semangat pagi, tetap semangat. (ERS)
Leave a Reply