Kenangan ngetik 10 jari
Opo sampeyan mahir ketik 10 jari tutup mata koyok Pak MISKANDAR Guruku kelas 3 SR biyen? Sampe saiki aku nek doa ngaku getun nyesel jaluk sepuro karo Pak KANDAR. Aku kroso kurang ajar kurang terima kasih karo Guru. Pas digusari tulisan ku elek, gak gelem latihan nulis halus.
Tak bantah, gak bakalan dadi juru tulis. Nek kudu nulis apik kan iso nganggo mesin ketik. Eeee mene ne, Pak KANDAR demonstrasi nulis ngetik 10 jari moto ditutup kertas jur dibebet saputangan. Isik ta bantah yo nggolek juru tulis sing iso koyok Pak KANDAR.
Toh mari aku digusari disawat penghapus kenek inkpot, tintane numcrat nang gegere SWIE KWIE KIE sing saiki dari tante Mertuwo ne OENTORO. Klambine biru kelunturan tinta. Pak KANDAR panik, lha jaman kuwi klambi kan larang.
Gagean KWIE KIE dikonkon buka klambi, nang jeding, aku dikonkon metik blimbing wuluh de ngarepe deretan jeding SR Mater Dei, klambi puteh digosok blimbing sampe tintane luntur rodo puteh. Emboh sosp nyilih gosokan areng de Zusteran aku dikongkon gosok. KWIE KIE ne ga wani metu soko jeding.
Toh Pak KANDAR ini Guru tenenan, mari geger yo mari. Gak suwi aku diajak mancing nganggo prahu maneh, kadang sampe P.Gili. barenge mancing yo gentenan, OEI TJOE TIONG, TJOE LIONG, SIOE GWAT, ABDUL KALAM ASAD anake Kepala Aniem, DIBYO anake Kepala Setasiun. WIDODO ANGSONG anake Kepala kantor Tilpun. Mas Ir. Pertambangan ITB, DODDY yo kesane karo Pak KANDAR respek banget.
(Go Hwie Khing-LA)
Leave a Reply