Ramalan Bintang Zodiak Jowo
Ramalan zodiakmu dino iki:
1. Pirgo
Penggawean sing cocok: dodhol blewah karo jengkol.
Keuangan: dedel duwel. Asmara: golek sing rodho genah lan waras.
2. Akuwarius
Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedek.
Keuangan: nyilah-nyilih tonggo. Asmara: Sedelok engkas jomblo, dikepret calon mertuwo.
3. Piskes
Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg nang protelon.
Keuangan: Ledeh kabeh, kakehan nogel. Asmara: jare morotuwo “aku golek mantu tp gak koyok raimu”.
4. Ariyes
Penggawean sing cocok: angon wedhus,mbecak.
Keuangan: kakehan utang, tombok terus. Asmara: upgrade-en disik dapuranmu.
5. Tawurus
Penggawean sing cocok: dadi trader.
Keuangan: kapusan konco dewe. Njaluk diruwat. Asmara: gak payu2, ganti pelet karo menyane .
6. Gemini
Penggawean sing cocok: Nyuluh welut, golek bekicot.
Keuangan: ngedoli warisan mertuwo. Asmara: gak jelas sir-siran e lanang opo wedok.
7. Kanser
Penggawean sing cocok: Macul, angon bebek, golek jangkrik.
Keuangan: sekarat, atene bangkrut. Asmara: gak ono sing gelem, modal cupet dompet ngapret.
8. Leyo
Penggawean sing cocok: dodolan suket karo dodolan daster.
Keuangan :mbrebet . Asmara: ati2 bakal kepelet bintang film kartun
9. Libra
Penggawean sing cocok: ngorek-orek larahan nek gak dadi tukang golek beling.
Keuangan: gak enthos golek duwik. Asmara: malem minggu sir2anmu ngidam menek talang
10. Sekorpio
Penggawean sing cocok: Ngelapi genthenge tonggo.
Keuangan: podo mlarate, dikuras copet. Asmara: duwe sir-siran nggrik-ngriken.
11. Sagitariyus
Penggawean sing cocok: Ngresiki kakus, nek ono wektu nyopeto.
Keuangan: bojo purik njaluk mulih nang mertuwo. Asmara: ditempilingi ae karo bojo mu.
12. Kaprikorn
Penggawean sing cocok: Dagang krupuk
Keuangan: Nguwatirno, waspada tukang panci nagih. Asmara: hambar, pacar mu njaluk rebonding kelek e ajur mumur. (Vita)