Menginjak tentara se Batalyon
Anu mbah, sakniki kan hari pahlawan, simbah nopo tau nderek berjuang?”
Wonokairun : ” Lho yo mesti le, Aku kelingan mbiyen jaman nom-noman,.simbah terkenal paling nekad perang nglawan londo..”
Bunali : ” Nekad pripun mbah? Mboten kathokan nopo?”
Wonokairun : ” Nek iku edan le. Gak ngono.. Mbiyen simbah wes tau DEWE’AN mlebu markase londo sak bataliyon. Nekad pora?”
Bunali : ” Alah paling simbah nggeh digebugi entek-entekan tow?”
Wonokairun : ” Ealah.. Ngenyek ko-on le.. Ko-on gak percoyo yo gak popo,.ko-on ngerti gak, gulune wong londo-londo tak PLINTIRI siji siji..”
Bunali : ” Wuih edian……..temenan tah mbah..? Terus ?”
Wonokairun : ” Tangan ambek sikile Londo2 tak TARIKI ngiwo nengen sampek podho tulung tulung..”
Bunali : ” Kok hebat temen mbah? Terus pripun?”
Wonokairun : ” Gegere londo londo iku tak idek-idek kabeh gak karuan saking emosiku..”
Bunali : ” Wah jebul simbahku mbiyen preman wani nglawan londo sak batalion ..hahaha..”
Wonokairun : ” Lho.. Sing preman iku sopo? Wong simbah mek. . . . . . . . . DIPEKSO MIJETI LONDO SAK BATALION. (Surjadi MK-72)-Aguk
Dasar si-mbah, jebul-e cuman tukang pijet.
Sing ngarang cerito kreatif . Wis kadung serius moco …… eh so mbah tukang pijet …hehehe !
Selamat dan trims buat kang Fatchur yg telah berhasil melengkapi web kita dg “running text” shg penampilannya makin siiiiiiiip !
Oooooaaaallaaa……..tibae tukang pijet toh mbah…….