Kecelakaan pesawat
Brudin : “Lhoooo opoko kok sirahmu bundas kabeh Li..?”
Bunali : “Iyo Din, sik tas aku numpak bis ugal ugalan ngguling. Untunge aku sempet mencolot jendelo, cumak sirahku ketatap wesi..liyane akeh sing luka parah..”
Brudin : “Kon sik lumayan iku Li..lha biyen pas aku arep nang Honolulu ndhadhak pesawatku moro moro kesamber bledhek ceblok nubruk gunung mbledhos kobhong ajjurr matek kabeh!”
Bunali : “Wah cik sangare …lho kon kok cik saktine sik urip..yok opo biyen carane lolos?”
Brudin : “aku ketinggalan pesawat..”. (Suhirto M)-FR
Leave a Reply