Kasmin Muring Muring
Kasmin ngakon Gino anake, kon tuku coca cola. “No…tuku coca cola yo le….”
“Piro pak tukune….?”
Karo njupuk duit Kasmin nyedaki Gino….”ki tuku coca cola kanggo bapak, ibu, mbakyumu, karo kowe dewe, dadine piro coca colane…?”
“Telu pak….!” Kasmin kaget…
“Lehmu sekolah ki genah po ra to, rene. Baleni neh, wis kelas 5 etung etung ra jelas!”
Karo rodo sengol Kasmin mbaleni, “tuku coca cola kanggo bapak siji, ibu siji, mbakyumu siji, kowe siji…, piro dadine?”
” telu pak…..”
“Nang sekolahan diwulang matimatika po ra to….?”
Kasmin muring, Gino mulai mewek. “Rungokno yo gatekne” Kasmin nulis nang kertas karo diengeti Gino.
“Bapak coca colane siji, ibumu siji, mbakyumu siji, kowe siji….dadine coca colane piro…?”
“Telu pak….”
“Jabang bayi….guoblok….piro dadine…?”
Karo nangis, “telu pak….aku Sprite” ………………..
Kasmin nggeblak. (Hidayat B Praptono; dari grup WA-78)-FR.
Leave a Reply