Guyon Suroboyoan-bener tah?
( sumber : pengalaman 4 tahun nang Suraboyo lan omonge konco Iwan)
CIRI-CIRINE AREK SUROBOYO, nek ngomong iku khas banget, gak onok sing madani, to the point, terbuka, tanpa tedeng aling-aling (bloko suto). Ini menunjukkan bahwa AREK Suroboyo terkenal sebagai masyarakat yang terbuka, ramah, apa adanya dan sangat suka akan humor.
# Arek Suroboyo lek tukaran mesti ngomong: “Awas kon yo, delok’en molehmu” (Lapo ? Ditraktir mangan ta ?)
# Lek ngilokno uwong: “Wuih, wenak kon suarane arek iki, kok gak mbecak !”
# Sing lanang, lek ngamuk langsung ngomong: “Njaluk tak pancal ta ndasmu”. (Sepeda bek’e??).
# Lek onok wedok’an ayu, endel, langsung dikomen: “Mboook, mentolo tak gowo moleh ae”?”
# Lek nyebut uaakeh: “Sak taek, sak ndayak”. (Koyok ngerti2o ae..).
# Lek di sindir karo koncone, langsung ngomong: “Sakjane, kon iku ngenyek, ta ngetrek-etrek?!”
# Lek ngomong, ngarepe biasane ditambahi huruf U: Uaaakeh, ueeendel, ueeenak, uaaasssuu kon !”
# Lek janjian: “Wis teko ndi kon?” Dijawab: “Wes nang dalan iki, diluk maneh”. Padahal sik nang omah !
# Lek mari di ilokno, langsung mbales: “nDasmu, ndogmu, makmu”. Pokoke sing onok mu-mu ne.
# Lek suwi gak ketemu konco, langsung ngomong: “Wah, si urip ta kon ? Tak pikir wis pitung dinone..”
# Lek irunge gatel trus kudu wahing, munine: “Ha..ha..ha.. hancookkk !!”
# Lek onok wong pamer: “Eh aku tuku mobil anyar iki”. Langsung dijawab: “SOPO.. SING TAKOK..!”
# Senengane muring2 nggawe awalan ‘jam’ : “Jamput, jambul, jambret, jambu, dst”
# Lek ndelok wedok ayu, langsung ngomong: “Cuk, ayune, bpk’e sunat nangdi iku ?”
# Lek onok wedok’an ayu langsung komentar “Ojok mbuk gudo lho Jon, wes tak kapling iku !”
# Lek onok koncone ngomong gak jelas, langsung disauti: “Kon iku ngomong ta kemu ?!?”
# Lek ngomong, mesti dike’i akhiran A: “nDasmuA, matamuA, makmuA, mbokmuA..”
# Lek krungu koncone ngomong banter, langsung disauti: “Wuss sante ae Jon, gak usa mbleyer..!”
(Suhirto M)-Aguk
Leave a Reply