Dikejar begal bermotor?

Dikejar begal motorPengalamane Pak Moko kancaku “dikiro Begal”.
Lagi nglaras numpak sepeda motor, sak klebètan soko koco sepion, kéthok ono sing ngoyak, wong 2 boncèngan, jakét kulit, hèlem’é ‘full face’, ora kethok rupané. Sing mboncèng mburi tangané ngawé-awé, kode bèn aku minggir….
“Wah, blaik. Iki mesti bégal ngincer motorku, saiki ‘rak lagi usum, koran2 karo TV akeh mbritakaké”, batinku….
“Motor ‘nggo modal nyambut gawé jé, nèk karampas piyé….??”
Gas motorku tak polke sak banteré, awak nganti ndredheg kemringet. Yo tenané, jujur, aku kuwatir tur wedhi, wong arep dibègal, (batinku nèh).
Tangan sisih tengen ngenti loro lé mlintir handel setang, pokoké pol2an. Sarono nggo nggolèk pangan, koq arep dirampok.
“Taat tiiit…, taaat tiiiitt…!” Nglakson bola-bali bèn sing nèng ngarep dho semingkir.
Ning piyé manèh, honda astrea tuwo ‘ki mbok gas’é diplintir sak kemengé, nganti ‘kaing-kaing mbengok, mlayuné sepiro..? Lha sing ngoyak, tak lirik ‘ki tumpakané koyo ninja 250 cc.

Berjuang ngenti tètès darah terakhir…, aku kesusul wis… Pasrah bongkokan….!
Pas njèjèri nèng sisih tengen, sing mboncèng mburi mbukak koco hèlemé, karo rodho mbengok (bèn aku krungu) kondho,:
“Brooo…., kaé lho…, bojo sampéyan kèri nèng pom bensin…..!”
Asemik…! (Suhirto M)-Aguk

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Langganan Artikel Gratis
Dengan mendaftarkan alamat email dibawah ini, berarti anda akan selalu dapat kiriman artikel terbaru dari Alumnimaterdei

Enter your email address:

Delivered by FeedBurner

Anda pengunjung ke
UD. Setiadarma
Best PRICE, Best QUALITY & Best for YOU! Setiadarma

UD. Setiadarma-Surabaya Sidharta Krisnamurti HP. 08165419447

Percetakan Offset Sidoyoso
Jl. Kedung Cowek 205 Surabaya (0351) 3770001-3718318 Fax. 3763186
Bosch
Bosch Jl. kedungsari 117-119 Surabaya Telp. (62-31) 5312215-5353183-4 Fax. (62-31) 5312636 email: roda_mas888@yahoo.com
Download Buletin Media Alumni Edisi 2
Buletin-MA-utk.-Widget Buletin Media Alumni bag. 1, kilk disini Buletin Media Alumni bag. 2, klik disini buletin Media Alumni bag. 3, klik disini
Alamo
alamo
Download Buletin
buletin-IAMDP 8 Download Buletin klik pada Gambar
Sahabat kita