Sejatining sepuh

Sejatining sepuhDisajikan sesuai bahasa aslinya. Sekalian ngecek apakah anda bisa mengartikan dan memahaaminya : Dados sepuh punika prekawis ingkang sok boten gampil. Tuwa ateges ngenteni metune nyawa. Malah wonten ingkang sampun pikun lan kathah kesupenipun. Pramila, sanadyan sampun sepuh/adiyuswa, kedah ngudi supados boten ngantos kekirangan pangertosan.

Tiyang sepuh ingkang kirang pangertosan, saget dhawah ing kawontenan ekstrim kalih, inggih punika:

* Ingkang sepisan:
Rumaos ‘wis tuwa gerang (segere arang2), wis loyo, lara2nen, wis ora bisa apa2, wis ora nduwe apa2 lan wis dudu apa2 maneh’. Tiyang sepuh ingkang mekaten rumaos sepi, sepa, lir sepah, samun.
SEPI tegesipun rumaos tanpa kanca tanpa kanthi, rumaos namung gesang piyambakan.

SEPA tegesipun gesang boten ngraosaken sakeca, dhahar ngunjuk boten kraos eca, lenggah, tindak, sare, inggih boten kraos sakeca.
SEPAH, rumaos kados sampah tanpa ginanipun ing bebrayan.
SAMUN, rumaos tanpa aji, kabucal saking bebrayan.

Tiyang makaten punika lajeng nuwuhaken semplah ing manah. Minggahipun frustrasi wusana lajeng depresi. Tiyang mekaten punika sagetipun namung sambat, boten saget ngaturaken syukur dhateng kanugrahaning Gusti.

* Ingkang kaping kalih:
Tiyang sepuh ingkang ing pakempalan tumindakipun gonyak-ganyuk ngisin-isini.
Gonyak-ganyuk tegesipun pangandika lan tumindakipun boten trep kaliyan kasepuhanipun.

Amargi rumaos ‘bisa’ lajeng kekathahen pangandika, mituruti pamanggihipun pribadi; Boten purun dipun anggep klentu amargi mbujeng pangalembana.
Tiyang sepuh ngaten punika winastan gerah post power syndrome, amargi kecalan panguwaos.

KADOSPUNDI DADOS TIYANG SEPUH INGKANG SAESTU?
Gambaran sejatining sepuh inggih punika:
– Waspada ing semu, tegesipun mangertosi kersanipun tiyang sanes nadyan boten kawedharaken.

– Sinamun sinamudana, tegesipun sinaosa pinter nanging kasimpen ing salebeting manah. Kapinteran lan kaprigelanipun boten dipun umukaken. Dene menawi dipun suwuni wawasan, anggenipun paring dhawuh kanthi cara ingkang ngremenaken,
boten ngremehaken.

KADOSPUNDI CARANIPUN DADOS SEJATINING SEPUH?
1. Kedah kawiwitan kanthi mulat sarira (mawas dhiri) mangertosi kekiranganipun dhiri.
2. Amargi taksih kaparingan gesang dening Gusti, ateges taksih kedah makarya. Wujuding pakaryan saget punapa kemawon, langkung prayogi bilih nindakaken hobby sae. Kadosta: ulah tetanen, nganggit lagu, geguritan, paguyuban karawitan, masak lsp.

3. Kangge nyengkuyung mindhaking pangertosan, sae menawi tansah sinau.
Sinau punika saget kanthi maos buku2, ugi srawung kalian kanca. Sinau punika maedahi kangge nyegah tiyang dados pikun, awit nalar tansah dipun asah. Semangat sinau ugi dados tuladha tumrap putra wayah. Sing tuwa wae ora kendhat sinau, sing enom kudune luwih tumemen anggone sinau.

Wasana lepet kupat opore santen, menawi lepat nyuwun gunging pangapunten. Nuwuun. (Akung Pras; dari grup WA-VN; Sumbering waosan: SERAT WEDHATAMA anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV.)-Aguk

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Langganan Artikel Gratis
Dengan mendaftarkan alamat email dibawah ini, berarti anda akan selalu dapat kiriman artikel terbaru dari Alumnimaterdei

Enter your email address:

Delivered by FeedBurner

Anda pengunjung ke
UD. Setiadarma
Best PRICE, Best QUALITY & Best for YOU! Setiadarma

UD. Setiadarma-Surabaya Sidharta Krisnamurti HP. 08165419447

Percetakan Offset Sidoyoso
Jl. Kedung Cowek 205 Surabaya (0351) 3770001-3718318 Fax. 3763186
Bosch
Bosch Jl. kedungsari 117-119 Surabaya Telp. (62-31) 5312215-5353183-4 Fax. (62-31) 5312636 email: roda_mas888@yahoo.com
Download Buletin Media Alumni Edisi 2
Buletin-MA-utk.-Widget Buletin Media Alumni bag. 1, kilk disini Buletin Media Alumni bag. 2, klik disini buletin Media Alumni bag. 3, klik disini
Alamo
alamo
Download Buletin
buletin-IAMDP 8 Download Buletin klik pada Gambar
Sahabat kita