Obat puyeng sakwise Pilpres
Markus arep lungo nang omahe pakdene neng Suroboyo soko Solo, karo mbokne diterno nyegat bis…
Kernek : Suroboyo bu ?
M’Bokne Markus : Pak… Njaluk tulung, mengko yen wis tekan Njombang, dikandhani ya bocahe iki ..!!
(Ngomong karo ngunggahno Markus nang bis)
Kernek : Njombang..?? … iyo…iyo… tariiiiiik !!!
* Neng tengah ndalan, si Markus takon nang kernek
bus : “wis tekan Njombang, lik ??”
Kernek : “durung !! Sik suwe le…”
* ga suwe,Markus takon maneh: “wis tekan Njombang opo durung ??”
*Kernek : “durung lee !!…. Sik suwee …!!”
*Markus takon terus nang kernek, sampe kesel akhire keturon. Bis terus tancap gas arah Sby, gak kroso
bis wis tekan Mojokerto. Si kernek bus lagi eling. Njombang wes klewat
Kernek : (ngomong nang supir) aduh kang… kok aku
kroso dosa nang bocah kui !! (Nduding Markus sing lagi turu )
Supir : lah knopo toh?
Kernek : pas munggah bus mau diamanahi mbokne, yen wes tekan Njombang bocahe njaluk dikandhani
Supir : waah lah piye sih kowe kui ?? Njombang rak wis klewat toh!! (Sopir bingung)
* untunge si sopir bis gelem mbalik nang Njombang, sakwise njaluk persetujuan penumpang2 liyane amargo mesakke ambek Markus.
Akhire bis tekan Njombang…. Si kernek nggugah Markus
Kernek: le…. Le…. Tangi !! Wes tekan Njombang kii …. (Karo nggoyak2 Markus)
(Markus njenggirat) “…. Wis teko Jombang lik … (Karo grusa grusu mbukak kantong, ngetokke sangune,
sego lawuh iwak asin )
Kenek : arep mudhun kene le???
Markus: “ora lik … Kan aku arep nang Suroboyo, cuman mbokku pesen, mangan sangune nek wis tekan
Njombang wae….!!” (Ngono karo muluk sego didulitke sambel).
Jare kenek + supir + para penumpang: “Asem tenan !
TIWAS MBALIK ADOH2 MUK AREP NGUNTAL SEGO, Jangkrik.”…
DASAR CAH ………… (Sunarto SA)-Aguk